Tuesday 28 August 2018

Ngaras roso

Wengi iki isih koyo wingi

Mbulan jumangkah ngulon

Pratondo isuk wus tumuli njedul

Bebarengan lintang kang isih sumunar

Jumangkah siji siji ngecaki pucukane ratri

Embun tumetes sakjroning suket esuk koyo eluh ku tan kebendung

Ra keroso jangkah ku wus adoh

Adoh ninggalake langit kang tansoyo padhang

Sumilir angin tansah ngancani pedhut esuk kang sumanding

Koyo roso kang tansoyo gedhe, tresno kang tansoyo jero

Sumegrak atiku yen kelingan esem manise

Kang tansah ngumandangake tembang tresno sak jroning dada

Pedhut tak roso tansoyo kandel, nalikane jangkah ku nyandung gedhene pepesthi

Pepesthi kang wis ora biso tak owahi

Esuk iki padhange langit wus gumanti dening petenge mendhung

Mendhung peteng kang gumatung sak jroning ati

Koyo roso kangen iki kang tan soyo jero, koyo jeroning jurang kang tanpo wates

Neng pinggir dalan iki grimis riwis riwis gumanti dening mudune banyu udan

Nyumilakake kabut tresno...

Nanging kabeh mau wus tumuli telat..

Kesaput gedhene angin pèpèsthén

Pèpèsthén antaraning aku lan sliramu kang wus tumuli ono kang nduweni

Arep ra tak roso hananging tetep kroso...

Mbuuh... iyo mbuuh... Koyo jaremu diajeng..

Nanging aku ora biso selak seko roso iki

Wus tak jugang jero neng pojoking ati iki

Nanging roso iki tetep ora biso ilang... Ora biso diajeng...

Thathit samber sinamber, bledhek gumuruh ing awan iki

Kabeh kui wus ra tak roso

Amung pangajab ku dumateng gusti kang murbeng dumadi,

Mugo roso ku lan roso mu biso nyawiji sanadyan ing saklam liyo...
logoblog